Minggu, 14 Desember 2014

syair GUSDUR untuk kita semua

syair GUSDUR untuk kita semua renungkan dan hayati
Ngawiti ingsun nglaras syi'iran # Kelawan muji marin pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan # Rino wengine tanpo pitungan
Rino wengine tanpo pitungan...
Duh bolo konco priyo wanito # Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco # Tembe mburine bakal sangsoro

Tembe mburine bakal sangsoro...
Akeh kang apal Qur'an Haditse # Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke # Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale...
Gampang kabujuk nafsu angkoro # Ing pepaese gebyare donyo
Iri lan meri sugihe tonggo # Mulo atine peteng lan nisto
Mulo atine peteng lan nisto...
Ayo sedulur jo nglaleake # Wajibe ngaji sa'pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide # Baguse sangu mulyo matine
Baguse sangu mulyo matine...
Kang aran sholeh bagus atine # Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate # Ugo haqiqot manjing rasane
Ugo haqiqot manjing rasanee...
Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo # Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito # Den tancepake ing jero dodo
Den tancepake ing jero dodo...
Kumantil ati lan pikiran # Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman # Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Alloh kang moho suci # Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi # Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali...
Uripe ayem rumongso aman # Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo nadjan pas-pasan # Kabeh tinakdir saking pengeran
Kabeh tinakdir saking pengeran...
Kelawan konco dulur lan tonggo # Kang podo rukun ojo dursilo
Iku sunnahe rosul kang mulyo # Nabi Muhammad panutan kito
Nabi Muhammad panutan kito...
Ayo nglakoni sekabehane # Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senadjan asor toto dzohire # Ananging mulyo maqom drajate
Ananging mulyo maqom drajate...
Lamun palastro ing pungkasane # Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone # Utuh mayite ugo ulese
Utuh mayite ugo ulese...
artinya terjemahkan sendiri.
mizan musthofa


EmoticonEmoticon